Kamis, 27 Agustus 2009
SERAT NITISASTRA
1. Jun iku yen lukak kocak, bisane mênêng-antêng yen kêbak. Sapi wadon kang sêru suwarane, sathithik powane. Wong kang ala rupane, polahe digawe-gawe. Wong wuta sastra, wicarane kasar ora ngrêsêpake.
2. Ara-ara kang tanpa sukêt, rajakaya wêgah ngambah. Kali kang asat banyune, ora sinaba ing bango. Priya kang uripe sangsara, diêmohi wanita. Ratu kang kurang titi-pariksa lan wêngis pangandikane, dioncati dening para kawulane.
3. Manawa ana madu campur karo wisa, alapên madune bae. Yen ana kêncana campur karo tinja, jupukên kêncanane, kumbahên. Wong utama kang sugih kawruh, sanajan turuning sudra, prayoga rakêtana. Wanita utama kang sulistya ing warna, sanajan turune wong asor, pantês dadi garwane wong gêdhe.
4. Gandhaning candhana mahanani anyêsing ati, ngluwihi anyêsing sorote rêmbulan. Manawa gandaning candhana iku ditikêlake loro, isih kalah karo anyêsing pangandikane pandhita kang pindha tirta marêta. Gêni iku panas, ngluwihi panasing srêngenge. Yen panasing gêni iku ditikêlake loro, isih kongkulan panasing gunême wong ala.
5. Prajurit kang unggul ing yuda, uripe ngalami mukti wibawa. Prajurit kang kasambut madyaning rana, manjing suwarga sineba para widadari. Prajurit kang ngucira ing yuda, patine bakal manjing nraka siniksa dening wadyabalane Yama. Yen ora mati, uripe diremehake dening bêbrayan agung, utawa ditawan lan disiya-siya dening mungsuh.
Langganan:
Posting Komentar (Atom)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar
Catatan: Hanya anggota dari blog ini yang dapat mengirim komentar.