Kamis, 20 Agustus 2009

Dhasaring kawruh sejati



Sampun dados satunggaling tujuan tumrap dhateng sedaya janma punapa dene ingkang sami kumelip ing madiya pada, bilih sedaya sediyanipun sageda kasembadan. Inggih sediya punapa kemawon. Sediya awon, sediya sae, sediya nistha, sediya wirang, sediya adamel sakiting manahing sanes, sediya adamel renaning penggalihing sanes, lan sanes-sanesipun. Wosipun sedaya sediyanipun sageda katurutan.

PUNAPA TA INGKANG WINASTANAN SEDYA PUNIKA?
Sediya kenging dipun wastani niyat, utawi kepengin. Adatipun para janma menawi sampun kagungan sediya utawi niyat sarta kepengin, lajeng kagungan reka daya, ingkang sinebat ambudi daya utawi angupaya marga, mrih sediyanipun utawi niyatipun kala wau saged katurutan utawi kasembadan. Inggih kanthi reka daya lan pambudi daya kala wau wekasan pun janma lajeng angudi ngagem cara-cara ingkang maneka warni, utawi kupiya ingkang rupi-rupi saengga saged kaleksanan ingkang dados tujuanipun. Sagedipun kaleksanan sediyanipun, amargi namung saking temening pangudi lan santering pambudidaya, sinebat tumemen, taberi, nastiti, ngati-ati, ora jelehan, mangerti lan sanes-sanesipun.

Caranipun pangudi utawi pambudi daya kala wau limrahipun sinebat Elmu. Inggih elmuning punapa kemawon. Upaminipun elmuning daya kelahiran, inggih kagathukaken kaliyan bab-bab kelahiran. Elmuning sedaya kebatosan, inggih kagathukaken kaliyan dayaning kebatosan, dene menawi elmuning Gesang ugi kedah kagathukaken kaliyan dayaning Gesang. Dados cetha sanget, menawi badhe anggayuh bab-bab kelahiran lajeng ngagem elmuning kebatosan, genah mboten saged kasembadan. Kosok wangsulipun, menawi badhe anggayuh bab-bab ingkang wonten gegayutanipun kaliyan kebatosan, ugi genah mboten saged kasembadan menawi kagayuh mawi elmuning kelahiran. Saya malih badhe angungkap bab-bab ingkang gegayutan kaliyan sejatining HURIP, saya mboten saged badhe kagayuh ngagem elmuning kalih-kalihipun kala wau. Sagedipun namung mboten trep. Ing ngendhon janma ingkang mekaten kala wau dhawahipun inggih namung lajeng mboten mitadosi dhateng satunggal lan satunggaling elmu kala wau, mangke sampun wonten pilah-pilahanipun piyambak-piyambak.

KAWERUH
Elmu ingkang kagem anggayuh tumrap punapa kemawon sinebat KAWRUH. Pramila yen ta janma kepengin angudi sarta ambudi daya satunggaling bab kedah mawi elmu utawi kawruh, dene elmu utawi kawruh satunggal lan satunggalipun kala wau mawa dhasar piyambak-piyambak. Ingkang satunggal lan satunggalipun mboten sami, amargi bedaning sediya utawi niyat, sarta bedaning dhasar kala wau janma ingkang kirang ing weweka lajeng gampil anglepataken satunggal dhateng satunggalipun.

Reroncening keterangan punika perlu sanget kagem lambaraning mangudi dhateng satunggaling tujuan, murih mboten tumpang suh ing pawingkingipun, jalaran sampun nyata mangertosi dhateng bedaning elmu utawi kawruh, bedaning pangudi lan caranipun, wekasan ugi bedaning pikolehipun. Menawi sedaya para janma saindhenging bawana sampun saged ngagem raos ingkang mekaten punika, genah badhe tansah ayem lan tentrem lahir lan batosipun.

Tembung ELMU utawi KAWRUH punika tegesipun satunggaling cara ingkang dipun mangertosi, perlu kagem ambudi daya amrih sedaya sediyanipun, punapa dene niyatipun saged katurutan utawi kasembadan. Dados elmuning janma ingkang kagungan sediya utawi niyat awon inggih kedah mawi cara ingkang awon, dene janma ingkang kagungan sediya sae, elmunipun inggih kedah sae. Cetha sanget sapunika bilih awon saening elmu punika namung gumantung dhateng sediyaning utawi gegayuhanipun.

Inggih namung kanthi dhasar mekaten punika, elmu utawi kawruh saged dipun mangertosi awon lan saenipun. Gumantung malih dhateng sediyanipun. Pramila ing sarehning kathahing janma punika adatipun namung kepengin anggayuh bab ingkang sae utawi utami, pramila prayoginipun para janma piyambak kersaa angudi sarta angupadosi elmu utawi kawruh ingkang sae sarta utami kemawon, dene wonten sawenehing janma ingkang kepengin anggayuh dhateng piawon, inggih sumangga kemawon, gumantung saking sediyanipun piyambak-piyambak.

KAWRUH SEJATI
Punapa ta tegesipun Kawruh Sejati punika ?

Kawruh, asal saking tembung Ka lan Weruh. Ka ing ngriki anggadhahi teges utawi maksud menawi sampun dinarbenan, kaduwen, kamiliki, saking anduweni, tegesipun wus ana ing astane, wus ana ing kuwasane, wus ana ing bisane, wus ana ing ngersane, wus cumepak, wus kinarsakake, wus sumandhing, utawi ingkang langkung cetha wus dinarbenan.

Dene weruh, anggadhahi teges, ngerti, kuwasa, bisa, katon cetha wela-wela, gamblang, jelas, wijang-wijang, mboten tumpang suh, mboten tuna dungkap, pilah-pilah, dhewe-dhewe, menawi kabontosaken dipun sebat pirsa, ingkang asalipun saking tembung pinaringan rasa. Ingkang ateges, pun rasa sampun saged angrasakaken, inggih rasaning pancadriya punapa dene rasa jatine.

Pramila tembung Kawruh, anggadhahi teges wus dinarbenan pangertosan, utawi wus pinaringan sarining rasa jati. Tegesipun sedaya sampun gamblang, cetha kados ingkang kapratelakaken ing nginggil.

Mangka kawruh punika warni-warni, inggih punika kados ingkang sampun katerangaken kala wau, inggih kawruhing kelahiran, inggih kawruhing kebatinan, utawi kawruhing budhi sayekti. Pramila yen badhe angangkangi babagan kawruh kala wau satuhu kedah manungalaken sedaya kraos ingkang sampun dinarbenan, tegesipun inggih raosing dhewe, sanes raosing sanes, ingkang mboten dinarbenan.

Ing ngriki saya cetha, bilih satunggaling kawruh ingkang tinampi namung saking rasaning sanes, punika genah dede kawruhing dhewe, nanging tetep kawruhing sanes, pramila inggih wonten riki punika pun raos kagem sanget, kangge anyobi inggih lan mbotenipun kawruh kala wau sampun dinarbenan utawi derengipun. Inggih kanthi mekaten punika ing tembe badhe dados sejatining kawruh kang satuhu lan sayekti, ingkang mboten saged kasuwak ing ngasanes. Janma yen badhe angudi satunggaling kawruh kedah sinau langkung rumiyin bab kawruh ingkang badhe kaudi punika, upaminipun: babagan angudi kawruhing sastra.

Angudi kawruhing sastra kedah mangertosi punapa ta sastra punika. Sastra punika tulis. Lha tulis punika punapa ? Tulis punika satunggaling gegambaran ingkang saged dipun mangertosi dening ngasanes, punapa ingkang dipun maksudaken utawi dipun kajengaken. Lha tulis punika ginanipun punapa ? Tulis punika ginanipun kagem sesambetan ing pangandikan yen ta mboten aben ajeng. Lha caranipun kados pundi ?

Caranipun nulis kedah mawi asta tengen (mboten ngedhe). Lajeng ingkang kagem nulis punapa ? Ingkang kagem nulis satunggaling pirantes yen ta katamakaken ing satunggaling barang ingkang radin tur wiyar lajeng wonten tilasipun. Caranipun nyepengi pirantes wau kados pundi ? Caranipun nyepengi pirantes wau jempol asta tengah lan racikan sarta racikan panuding lan pinengah kagathukaken utawi kapepetaken, dene pirantes kala wau kadedek ing tengah-tengahing jempol lan racikan punika kanthi kenceng, mboten minggrang-minggring. Jalaran menawi minggrang-minggring pirantes punika gampil ucul saking cepengan. Menawi sampun lajeng katamakaken wiwit manengen wongsal-wangsul ngantos punapa ingkang dipun maksudaken saged katulis sedaya.

Lha sak punika caranipun damel tulisan kados pundi ? (bab tumindaking kawruh). Punika kedah sinau, inggih sinau punika sinebat angudi dhateng kawruhing tulis utawi kawruhing sastra. Upaminipun damel sastra ha, punika kawiwitan saking sisih kiwa ngandhap lajeng pirantes kala wau katarik minggah miturut inggiling garisan, lajeng katarik malih manengen sakedhik, terus menggok mangandhap, lajeng manengen malih ngantos radi panjang wusana minggah malih, lajeng manengen tikel kaping kalihipun kaliyan penarikipun ingkang inggil kala wau rambah kaping 2, lha punika menawi sampun dados sinebad sastra ha.

Lha menawi sampun dados sastra ingkang saged kawaos ha lajeng paedahipun punapa ?

Paedahipun menawi badhe adamel tembung ingkang wonten swantenipun mungel ha, upaminipun hana. Lha menawi badhe adamel sastra hi kados pundi ? We lha punika kedah kapanjingan bunderan alit ing sak nginggiling sastra kala wau sisih tengah, wangunipun kados tetesing toya nanging kawalik, naminipun wulu, lha punika menawi kawaos ungelipun hi. Mekaten sak lajengipun.

Lha menawi sampun saged damel sastra lajeng kanthi mboten pepanggihan piyambak sampun saged dipun mangertosi kajengipun dening ngasanes, lajeng kados pundi maksudipun ? Maksudipun supados inggal dipun mangertosi, lan awakipun piyambak saged makarti sanes, dados kalih-kalihipun lajeng saged kasembadan tur kanthi gampil. Jalaran menawi mara piyambak perlu rerembagan gek dalemipun tebih rak cetha sedaya, paling-paling inggih namung angsal satunggal keperluan thok kemawon, keperluan sanes dereng saged kacakup.

Inggih mekaten punika satunggaling kawruh kagem angudi dhateng satunggaling bab, dados sedaya kedah dipun mangertosi kanthi titi, tata lan taliti, ing ngendon temtu badhe saged sempurna, mboten tumpang suh, tur mboten gampil anglepataken dhateng sok sintena kemawon.

Mekaten ugi ngudi kawruh kelahiran sanesipun, punapa dene kawruh kaluhuran ingkang permati, inggih kedah mawi cara mekaten punika, inggih ingkang kawastanan bontos ing kawruh lan lakune punika kados pangudining bab sastra kala wau. Tembungipun sanes kawruh kuwi kudu saged di:
1. rungokake
2. rasakake
3. mangerteni
4. tindakake, lan
5. undhuh oleh-olehane dening awake dhewe utawa janma liyan.

Menawi dereng saged mekaten, tetep namung grambiyangan kemawon, ingkang ateges sedaya dereng sampurna lan dereng bontos. Menawi dereng bontos angsal-angsalipun inggih namung tuna dungkap utawi tumpang suh kemawon. Wekasan rugi piyambak. Menawi sampun rugi gampil duka, menawi sampun duka badhe ical sedaya kawruh ingkang sampun dinarbenan.

Menggah dununging dhasar ingkang ngengingi dhateng kawruh wonten tigang perkawis, ingkang satunggal lan satunggalipun inggih punika:

1. KAWRUH KELAHIRAN JATI, ingkang asalipun saking dayaning pancadriya lahir.

2. KAWRUH SALWA BUDHI utawi kawruh saking dayaning pancadriya batos, ingkang sinebat Parakitan.

3. KAWRUH BUDHI JATI ingkang asalipun saking dayaning Gesang sejati, sinebat Pengracutan.

Sedaya wau kenging sinebat kawruh Kasunyatan utawi kawruh Kasampurnan. Nanging kedah dipun emuti daya kekiyatanipun satunggal lan satunggalipun. Tegesipun Sampurna utawi Nyata tumrap pun pancadriya lahir, sampurna lan nyata tumrap pancadriya batos lan sampurna sarta nyata tumrap jatining Gesang, ya gesang sejati, tan kena ing pati, langgeng gesang ing sedaya alam sarta sampun anglimputi sedaya dumados. Kantun sakpunika para janma piyambak, milih ingkang pundi, nanging adatipun milih ingkang gampil, rak inggih ta

1. Kawruh Kelahiran Jati ingkang asalipun saking pancadriyaning sedaya janma

Kawruh punika tumindakipun inggih mawi tumindaking kuwandha, upaminipun nyerat, ngetang, anggambar, adedamelan, maos, ngandika, angganda, mirengaken, ngothak-athik reroncening alam, ngothak athik reroncening bawana, ngothak-athik reroncening jagad sedaya, rerembagan ingkang saged kanalar namung mawi dayaning pancadriya lahir. Sedaya kala wau menawi kaudi temen-temen, dadosipun sae dhateng pakarti, pramila tumindak mekaten punika sinebat Daya Pakarti, inggih pakartining pun panca driya. Nanging awonipun lajeng saya ageng milikipun, jalaran pun kuwandha punika sipatipun namung milik thok, upaminipun lajeng nyuwun opah, nyuwun katebus mawi raja brana, nyuwun kalintenan mawi wewujudan gantos ingkang sakmurwat kaliyan pakartinipun.

Dados Kawruh Kelahiran Jati punika satunggaling kawruh ingkang gegayutan kaliyan sedaya kawontenaning lahir utawi kelahiran. Dene kawontenan ingkang sinebat kelahiran mekaten, inggih punika sedaya kawontenan ingkang wonten ing jagad gumelar punika sedaya. Upaminipun:

1. Kawruh tumrap dhateng wontening bawana, candra, kartika, swasana, lan sanes-sanesipun.
2. Kawruh tumrap dhateng wontening jawah, angin, lesus, prahara, barat, benter, lan sanes-sanesipun.
3. Kawruh tumrap dhateng wontening samodra, bengawan, lepen-lepen, arga-arga, bantala-bantala, lan sanes-sanesipun.
4. Kawruh tumrap dhateng janma manungsa, kewan-kewan, thethukulan, lan sanes-sanesipun.
5. Sedaya kawruh tumrap dhateng kabetahaning janma manungsa, ing antawisipun:
a. Bab pados tedha, lan sandhang
b. Bab makarya
c. Bab pasinaon ing pamulangan
d. Bab sesrawungan
e. Bab kawasisaning janma limrah, lan sanes-sanesipun.

Dados wosipun sedaya kawruh ingkang taksih saged lan kenging kanalar kanthi daya kekiyataning ubarampening pancadriya lahir, punika sedaya sinebat kawruh kelahiran jati. Tembung Jati namung kagem mangertosaken bilih kawruh wau pranyata sanes kawruhing kaluhuran nanging pancen saestu-estu kawruhing kelahiran, pramila lajeng katambahan jati, ingkang ateges murih cethanipun. Dados tembung jati ing ngriki sanes ateges jatining dumadosing kedadosan, nanging jati inggih jatining kelahiran. Kanthi dhasaring kawruh kala wau, sakboten-mbotenipun para janma sampun saged anggambaraken pundi ta sejatosipun ingkang sinebat kawruh kelahiran punika.

2. Kawruh Salwa Budhi ingkang asalipun saking dayaning pancadriya batos

Kawruh Salwa Budhi mekaten anglimputi sedaya gegayuhan ingkang gegayutan kaliyan raos pengraosing janma piyambak, ingkang taksih dumunung wonten ing pancadriya batos, dereng ngantos bontos dumugi asal lan puruging dumadi.

Menawi para janma sampun saged nindakaken bab-bab punika, inggih punika ingkang ngengingi bab rasa-rumangsa tresna ing sak-padha-padha, welas asih, suba sita weruh ing traping susila, tansah lembah manah, wani ngalah, mboten gampil krenehan, tansah marsudi ing tentreming kalbu, ajrih ing lepat, nanging tansah wani ing bener, lukita ing basa lan sastra, wasis adamel renaning ngasanes, mboten remen gegujengan ingkang tanpa paedah, tansah angggulang ing kautaman, tansah marsudi mrih rahayuning kawontenan, kinajenan ing sesami, tinresnanan ing sesami, lha punika sampun kepetang lumayan.

Tembung dumunung ing pancadriya batos, jalaran sagedipun tumama taksih angginakaken pancadriyaning lahir, dados menawi tanpa punika ugi mboten badhe saged katindakaken. Sinebat batos mekaten inggih punika daya kekiyatan ingkang asal saking gesang sejati badhe medal anyamadi pancadriya lahir, dados dunungipun wonten ing antawisipun budhi jati kaliyan kelahiran jati. Inggih kawruh punika ingkang sinebat kawruh ingkang taksih mangro tingal. Sinebat mangro tingal, jalaran kados-kados sampun nyinggol dhateng kawruh budhi jati, tundhonipun malah taksih dumunung wonten ing kawruh kelahiran jati. Kados-kados sampun nyandhak ing bab gesang sejati, dhawahipun namung dumunung ing raos pengraos. Kados-kados sampun amberat wontenipun kawruh kelahiran jati, ndadak ngglethek taksih dumunung ing pangandikan thok kemawon ingkang asipan ndakik-ndakik pramila inggih wonten ing kawruh punika janma tansah repot badhe amisahaken satunggal lan satunggalipun kawontenan, jalaran pancen dereng nate pirsa bedanipun lan pilah-pilahanipun. Dene menawi sampun pirsa inggih gampil kemawon, upaminipun sampun mangertosi, yen karembag punika taksih dumunung wonten ing kawruh kelahiran, ingkang karembag punika sampun wonten ing kawruh Salwa Budhi, wekasan ingkang karembag punika sampun dumugi kawruh Budhi Jati.

3. Kawruh Budhi Jati, inggih kawruhing gesang sayekti, inggih kawruh ingkang kagem ngudi dhateng blegering janma manungsa utawi sangkan paraning dumadining janma manungsa.

Wonten ing salebeting kawruh punika, janma manungsa wiwit nalusur wiwitaning dumadining janma, blegering janma manungsa, lakuning janma, pikolehing janma, ngantos dumugi ing asalipun malih, sinebat bali marang mula-mulanira, inggih punika tumuju dhateng paranipun. Menawi para janma sampun wiwit andungkap dhateng babagan punika, adatipun alamipun sampun beda kaliyan nalika janma taksih dumunung wonten ing kawruh kalih kasebat nginggil. Beda jalaran sampun kirang ambetahaken kekalihipun kala wau, awit inggih pancen tanpa gina yen ta kalih kawruh wau taksih kagape. Pramila kathah-kathahipun sinebat wus datan maelu ing anane jagad gumelar, namung tansah maelu dhateng dhasaring pangudi dhateng Gesang Sejati kala wau. Lha wonten riku punika gawating lampah tumrap janma ingkang taksih srawung kaliyan janma sanesipun, jalaran taksih kedah ngagem tata praja, tata susila, tata basa lan sastra, nanging sejatosipun kala wau tumrap para pangudi Kawruh Budhi Jati kuwi kabeh dudu apa-apa, jalaran wus pirsa ing kahanan kabeh kang gumelar lan kang ora gumelar.

Janma ingkang sampun mekaten punika menawi ngendika mesti kaleksanan, menawi dhawuh mesthi leres, menawi tumindak punapa kemawon sampun tanpa kagalih, tanpa kaetang-etang, tanpa kakinten-kinten, jalaran kabeh mau sarwi cetha wela-wela. Mboten wonten ingkang sisip lan sembir, kados dene Sang Pandhita Rengganis ingkang teteki ing Arga Pura, sesampunipun nilar keprajan kala rumiyin. Menawi janma sampun saged mekaten, we lha sampun ngantos wani gumampil, punika andrawasi sanget, nanging emanipun lha kok taksih sekedhik sanget ingkang saged mangudi dumugi ing ngriku.

Janma ingkang sampun mangertosi pilah-pilahanipun satunggal lan satunggalipun, sedaya kala wau badhe tumindak kanthi gampil lan mboten angel, jalaran pun angel sampun tindak jengkar tebih sanget, dene menawi dereng jebul pun gampil ingkang tebih. Tebih lan celakipun pun angel utawi gampil punika minggahipun dhateng pangertosanipun janma piyambak. Pramila badhe angudi dhateng satunggaling bab, pangertosan kedah langkung rumiyin dipun taros, wus ngerti tenan apa durung.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Catatan: Hanya anggota dari blog ini yang dapat mengirim komentar.