Selasa, 25 Agustus 2009

SERAT LAKSITA CANDRA

Anggitanipun KGPAA. Mangkunegara IV


S I N O M

01

Sinom purwaning wilapa, nujuwari Dite merengi, Dwidasa Eka kang wulan, Rangbingulakir warsa Lip, Guna catur Hasta Dji, laksita candraning Ratu, candra atma kalawan, kawuladalem warni-warni, kang pinurwa candra Dewa Daniswara.

02

Djeng Sunan Prabu Mangkurat, ing Kartasura nagari, nata binatara tama, sudibya yu jayeng bumi, marta aksameng dasih, yitna wekasaning luhur, darma kendel waskita kasujanan sastra titi, candranira lir Dewadji ing Jenggala. ά

03

Sinuhun Pakubuwana, kang murwani asma salin, ping kalih ing Kartasura, rusuh pangolahing nagri, dadiya parmaning Widi, pindah datulaya agung, praja di Surakarta diningrat iku candraning, meswandanu Daniswara Pajajaran (maesa Daniswara ing Pajajaran).

04

Djeng Sunan Pakoe Boewono, kapin tri tuhu linuwih, santosa kuwat ing prana, laksita rahayu budi, binatara mungkasi, sekti sura rosa pengkuh, sudibya binatara, bratane iku amirib, Gilingwasi Hyang Cingkara Dewanata. ά

05

Sinuwun Pakoe Boewono, kang kaping pat amandri, babangun agama mulya, sidik ratu wali mukmin, jatine kang miwiti, rusake karatonipun Enis kang binatara, nir kuwasaning Narpati, candranira Brawijaya kang wekasan. ά

06

Narendra kang kaping gangsal, Pakoe Boewono linuwih, sudibya kretarta tama, amumpuni jayeng bumi, asih aksameng dasih, ratu ambeg lir dewa gung, sedane ing apanjang ing yuswa mirib candraning, Majapahit Daniswara Pajajara.

07

Kaping Nem Kanjeng Susunan Pakoe Boewono linuwih, bandel benter ora nalar, purune sok gedea-gedig, datan yitna ing galih, arsa djabel prajanipun, pasisir mancapraja pinaeka catur janmi, cekakira jengkar aneng Ambon nagara. ά

08

Ping Sapta gumantiya kadang Pakoe Boewana mandiri, raja esmu darma-maya, katungkul wibawa mukti, prenah Paman Sang Aji, kang nem pulo Ambon iku, ping Sapta ruba telas, pasisir manca nagari estu kena bangsa Landa. ά

09

Ping Hasta gumantya Raja, prenah kadange Narpati, ping Sapta Pakoe Bouwono, saking garwa kang paminggir, rusak malarat nagri, tan panjang jumenengipun, nata guru minulya, kang kaping Sanga gumanti, putra dalem Sri Narendra ingkang jengkar.

10

Neng pulo Ambon atilar, weka sigid madeg Aji, Pakoe Boewono ping Sanga, babangun rusaking nagri, miwiti amungkasi, kiyating bawana punjul, durma apureng wadya, samekta praja was rakit wreksa tama sumengka pangawak braja. ά

11

Narendra kang kaping Sanga, ratu ambeg lir jahnawi, ping Sada Djeng Susunan, madya laksitaning galih, ana prang catur, benjing ruhara praja meh rusuh, ajrih anglahirena, iku wadi kang piningit, ping sadasa nemu mukti sawatara. ά

12

Lawan ana gung prakara, kang ngrampungi praja adi, risang wresniwiratama, Senapati pulo Jawi, ping sadasa mumpuni, ana geng sujana turun, sajuga wiji priya, pancer kakung sing Narpati, kaping Nenem sawarga kang tilar praja. ά

13

Saking wayah iku papat djeng Gusti Pangeran Dipati, Mangkubumi ingkang jengkar, twin Djojokartika nguni, katri kang lena jurit, Kali Abu bawah Kedu, ugeling Tirtamaya, Kanjeng Pangeran kang mandiri, Harya Hadiwidjaja tri sakawannya. ά

14

Singaprana dusun Sima, kabawah Ngampel winarni, Catur Gata Rasa Hena, tukule dadi sawiji, wit watak wiku sari, iku kekeraning ratu, kang gumantya Sawelas, Srimaha Narpati wiki, wida darma madya nista sawatara. ά

15

Wudaring senening Nata lawan bangsa kulit putih, ping Rolas iku gumantya, iku ratu wali mukmin, prajurit pandita di, pandaming jagad linuhung, mumulih nagri Jawa, raharjanya pinarsudi, ping Telulas ratu Oliyaning Jagad. ά

16

Anangung kaping sawelas, wonten wadi kang piningit, kang gumanti nata wreda, isih sinengker Hyang Widi, iku ruhara benjing, kang sumela dadi ratu, turune ping sadasa, anutug wibawa mukti, salin jaman praja wirya mulya tata. ά

17

Kula mengeti riwayat, wonten Walandi Ustenrik, Dislan Wenen prajanira, pepara mring tanah Jawi, minggah mariksa wukir, anyuwun Idi Sang Prabu, ningali kawahira, pucake ardi Merapi, wangsulira Walandi asung wirayat. ά

18

Dateng djeng Gusti kaping Pat, enget kula nyengkalani, Ngesti Gusti Saptya Nata, kang redi pecah ing benjing, kobong wit sengkalaning, Ngesti Catur Slira Ratu, pejah kang hardi sigar, Yogja Kedu risak sami, amung Sala risak sawatara nira. ά

19

Yogja karatone sirna, pecahing hardi amili, tirta dadya Sala Yogja, pecah tanpa nunggil siti, tenggahing harga dadi, bengawan wiyar tur agung, dadya ing pulo Jawa, pupute dadi kakalih, ing Madura gatuk lawan Surabaya. ά

20

Wirayate Resi Landa, payo pada den titeni, cinatetan mbokmawa, anak putu amenangi, Si Landa banjur bali, marang Wenen praja gung, lawan hardi Cilacap, baren samya mubal geni Cilacap Kedu Semarang lan Salatiga. ά

21

Kendal kelawan Banyumas, bawah Kutareja nguni, sami nandang kasangsaran, kututuh iku barengi, bledose Rawa Pening, ing Bahrawa rusak mawut, sareng murub dahana, kaote amung tri ari, lan Merapi benjing wisma mawut rusak. ά

22

Sawuse kebut gya prapta, tanaj Jawa harja malih, sami babangun kang wisma, antuk tulung liyan nagri, nuju Sala nagari, kang jumeneng ratu agung, kaping Rolas minulya, kata salin setya nguni, jenganira djeng Jayoboyo.

Kapethik saking Buku Serat Jangka Pandoming Agesang.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Catatan: Hanya anggota dari blog ini yang dapat mengirim komentar.