Selasa, 14 Juli 2009

PEPELING

Kekidungan wasitaning siwi,
Wikenono patraping agesang,
Kang kanggo ing salawase,
Manising nitya luruh,
Angedawet ing salah tabik,
Wong kang trapsileng tata,
Kang agawe rengngu,
Wicara lus kang mardawa,
Iku datan kasengguh marang sesami,
Wong kang rumabetipun.

Karya roso mring rih wange linggih,
Wong kang manut ,
Mring carane bangsa,
Watek jembar pasabane,
Wong andap asor iku,
Yekti oleh panganggep becik,
Wong meneng iku nyoto,
Neng carangan pekewuh,
Wong prasojo solahira,
Iku ora gawene wong kanti ngali,
Wong nganggo teposliro.

Dipun sami ambanting sariranira,
Cegah dahar lan guling darapon sudawa ,
Nepsu kang ngombra – ombra reremo ing tyasereki ,
Dadi sabarang karsanira lestari.

Ing pangawruh lahir batin ajo mamang,
Yen siro wus udani ing sariraniro,
Yen ono kang amurba wisesa ing alam kabir,
Dadi sabarang pakaryanira ugi.

Bener luput olo becik lawan bejo,
Ciloko mapan sakit ing badan priyonggo,
Dudu saking wong liyo pramila den ngati-ati,
Sakeh dur gomo singah ono den eling.

Kapan ono sesiku telung prakara,
Nanging gede pribadi tan iku lir iro,
Ingkang telung prakara ojo angung sireki,
Kalawan ojo nacat kepati-pati.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Catatan: Hanya anggota dari blog ini yang dapat mengirim komentar.